Ki Majnun Reborn



Setelah lama ndak muncul di jagad maya, kini Ki Majnun telah keluar kembali dari pertapaannya. Laku Tirakat yang dilakukan Ki Majnun bukan tanpa sebab, melainkan akan kepedulian terhadap bumi Nuswantara tercinta. Tirakatnya bukan untuk CINTA semata tetapi untuk keutuhan Nusantara. Pakuning Bumi, iya butuh orang2 yang menjadi pakubumi Nusantara.

Mufid : "Wis olih wangsit Ki?"

Majnun : "inyong ora golet wangsit, emange kowe pid, arep milih mbe ndadak nunggu wangsit. Jal, ana hasile ora kowe?"

Mufid : "Duh, salah takon kiye. Malah ditakon balik. Hehe.. Ngko tolih ana mangsané Ki.."

Majnun : "ora usah lunga maring nganah2, Janen jawabane ana nang atimu dhewek!"

Mufid : "maksudé ki? Kadang sing adoh2 mbe maring ngeneh Ki?"

Majnun : "rungokna suara atimu sing suci, itulah Guru sejati."

Mufid : "owh, atiné kudu dikumbah ndisit ben suci kuwé ya Ki?"

Majnun : "iya kaya kuwé, loh... arep ngendi fid"

Mufid : "Wudhu ki.."

Majnun : "ora mung wudhu, merga kotor pisan, kuwe karo adus tobat!"

Mufid : "owh ngaten nggih, rika ya uga kudu diadusi kuwé, diadusi kaya jenazah"

Majnun : "Loh bisane?, Penjorangan karo wong tuwa ya fid?"

Mufid : "Lah kuwe Ki Majnun Reborn, lahir maning ya pada baen karo mati... Hehehe... Kabuur..."

Majnun : "asyem... Sing penting inyong aman, ora dibajak kaya kae pilem Warkop DKI Reborn. Streaming app bigo sing ditonton ngasi 300 ewu wong. Edaaan..."

Mufid : "Sing edan rika Ki Majnun!! Hwkwkw..." (mplayu maring pancuran)

[MM] #jepretanBlakasuta #FiksiBlakasuta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar